Sabtu, 05 Mei 2012

tawakkal dan qona'ah akan kebijaksanaan Alloh SWT


Tawakkal dan qona’ah akan kebijaksanaan Allah SWT

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله, الحمد لله الذي هدانا لدينه الذي أكمله وارتضاه, والصلاة والسلام على نبيه سيدنا محمد الذي اجتباه من خلقه واصطفاه, أشهج أن لا اله الا الله وحده لا شريك له, وأشهد أن سيدنا محمدا عبده ورسوله, اللهم صل على سيدنا محمد وعلى آل سيدنا محمد وبارك وسلم أجمعين (أما بعد)
قال الله تعالى في كتابه الكريم : أعوذ بالله من الشيطان الرجيم, بسم الله الرحمن الرحيم, كتب عليكم القتال وهو كره لكم, عسى أن تكرهوا شيئا وهو خير لكم, وعسى أن تحبوا شيئا وهو شر لكم, والله يعلم وأنتم لا تعلمون (ألآية, صدق الله العظيم)
معاشر المسلمين وزمرة المؤمنين رحمكم الله, أوصيكم ونفسي بتقوى الله وطاعته فقد فاز المتقون .
معاشر المسلمين وزمرة المؤمنين رحمكم الله

Salah setunggalipun rukun khutbah ingkang kedhah dipun lampahi inggih puniko atur wasiat, milo saking meniko, monggo, kulo panjenengan sedoyo tansah ningkataken anggen kito taqwa dumateng Alloh SWT, ingkang artosipun tansah ajrih dumateng Alloh SWT, ingkang dipun wujudaken kanthi berusaha ngelampahi perintah – perintahipun, ugi nebihi sedoyo awonan – awonanipun.  Keranten sing sinten kemawon ingkang sampun terbiasa taqwa, mongko secara bertahap akan menumbuhkan raos tawakkal utawi pasrah dumateng Alloh SWT, ugi husnudz dzon dumateng sedoyo kebijaksanaan – kebijaksanaan ingkang sampun dipun tetepaken dening Alloh supados dipun lampahi dening sedoyo makhluqipun.
قوله الحق وله الملك وهو على كل شيئ قدير .
"Dawuhipun Alloh meniko nyot, kekuasaanipun Alloh meniko nyoto, lan Alloh meniko dzat ingkang moho kuwoso”.
معاشر المسلمين وزمرة المؤمنين رحمكم الله
Salah setungalipun dawuhipun Alloh SWT ingkang terbukti nyoto inggih puniko wonten surat AL-Baqoroh ayat 216 :
كتب عليكم القتال وهو كره لكم, عسى أن تكرهوا شيئا وهو خير لكم, وعسى أن تحبوا شيئا وهو شر لكم, والله يعلم وأنتم لا تعلمون
Ingkang artosipun kirang langkung mekaten :
sliramu kabeh wong – wong islam, diwajibake berperang, padahal perang iku minongko perjoro ingkang ora kok senengi.  Iso wae sliramu ora seneng marang suwiji perkoro, padahal perkoro mau manfaate apik kanggo sliramu.Lan iso ugo sliramu seneng marang suwiji perkoro, padahal perkoro mau ora apik kanggo sliramu.  Gusti Alloh iku dzat kang moho weruh, lan sliramu ora weruh opo – opo”.

معاشر المسلمين وزمرة المؤمنين رحمكم الله
Ayat meniko anggadahi gangsal (5) perkawis ingkang kedah dipun pahami setunggal – setunggal.
Ingkang sepindhah inggih puniko :
Gusti Alloh majibaken perang dumateng sedoyo umat islam.  Wekdal awal kemunculan islam, perang meniko dipun artosaken minongko perang tanding, adep – adepan, lan ngguna’ake senjata.  Ananing perang coro meniko sampun mboten pas menawi dipun lampahi wekdal sakmangke, keranten :
1.    Sampun mboten temu’aken kafir harbiy
2.    Umat islam sakmeniko dereng anggadahi kholifah minongko puncak pimpinan ingkang mbawahi sedoyo umat islam ing dunyo.
Dados kewajiban perang sakmeniko inggih puniko merangi howo nafsu, merangi kekarepan – kekarepan ingkang mboten sae lan nerjang syare’at.

Ingkang kaping kalih :
Gusti Alloh ndawuhake bilih kewajiban merangi howo nafsu meniko minongko perkawis ingkang mboten dipun remeni dening umumipun menungso.  Kehidupan meniko tambah dinten tambah maju lan tambah modern, sehinggo memberikan berbagai macam kemudahan – kemudahan dumateng poro menungso, ugi maringi pinten – pinten perkawis enggal ingkang tansah saget mancing keinginan utawi nafsunipun menungso.  Padahal saperlu dipun imut – imut bilih : semakin modern, kehidupan menjadi semakin mudah, tetapi belum tentu menjadi semakin baik.

Ingkang kaping tigo :
Gusti Alloh paring pepiling dumateng kito sedoyo bilih kadang – kadang kito mboten remen dateng setunggal perkawis, anangung malah perkawis meniko manfa’ati dumateng kito sedoyo.Kadosthoh : naliko kito dipun paringi sakit, mongko kito mboten remen minongko kito kedhah ngunjuk obat utawi mboten medal griyo, ananging kanthi perkawis ingkang mboten dipun remeni meniko minongko jalaran supados sakit ingkang kito raosaken meniko saget ical.

Ingkang kaping sekawan :
Gusti Alloh ugi ngimutaken dateng kito sedoyo bilih, sedoyo ingkang kito remeni meniko mboten mesti manfa’ati, bahkan kadang – kadang malah neka’ake mudhorot dateng kito.  Milo saking meniko wonten setunggaling maqolah ingkang ndawuhaken bilih :
الكيس من دنى نفسه وعمل لما بعد الموت
Ingkang artosipun :
“tiyang ingkang cerdas inggih puniko tiyang ingkang saget ngalahake howo nafsunipun lan sedoyo pendamelanipun meniko dipun niyati ibadah minongko kangge sangu ingdalem kehidupan saksampunikpun pejah”

Ingkang kaping gangsal inggih puniko :
Gusti Alloh negesake bilih Gusti Alloh SWT meniko dzat ingkang moho ngaweruhi awal dumugi akhir, ngaweruhi sebab ugi akibatipun, ugi ngaweruhi nopo kemawon perkawis ingkang terbaik kangge makhluq – makhluqipun.

معاشر المسلمين وزمرة المؤمنين رحمكم الله
Mekaten wau khutbah ingkang saget kawulo aturaken, mugi – mugi saget nambahi keimanan, ketaqwaan ugi ketawakkalan kito sedoyo ingdalem ngelampahi sedoyo ingkang sampun dipun tetepaken dening Alloh SWT.  Ugi manfaat meniko saget nyumrambahi dumateng keluargo, putro wayah lan masyarakat kito sedoyo, amiin allohumma amiin.


بارك الله لنا ولكم في القرآن العظيم , ونفعنا وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم , وتقبل الله منا ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم .
أعوذ بالله من الشيطان الرجيم, بسم الله الرحمن الرحيم,والعصر , إن الإنسان في حسر الا الذين آمنوا وعلموا الصالحات وتواصوا بالحق وتواصوا بالصبر .
وقل ربي اغفر وارحم وأنت خير الراحمين .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar